: kebahasaan dengan 'konvensi versi' belum dalam kemutlakan.

2010-07-12

nuduhne

nuduhne


tani tuna tani
pikiran cangkem tingkah prasaan angen karep
kadhung dituruti
nuduhake nyejo numpak mobil anyar budal ngedoh soko pawakan.
chuk !

tani tuna tani
acara paes obral obrol guyon gumul jumpritan
ra nyang priatin
nuduhake nyejo nggayemi menu gerusan pakem.
chuk !

tani tuna tani
mbanggel males purik mulet arogan njijik aleman
ra ndang dirim
nuduhake nyejo nguras lan mbalekne penghasilan vertikal.
chuk !

tani tuna tani
ngelak ngombe derajad munggah mbale nokoh karir ngulamak ngumarok
ra sungkan patrap
nuduhake nyejo ramen mufakat ninggal janjen.
chuk !

tani tuna tani
teles du'o joli joli asyik rerencana dolan dulinan blonjo mode njamanan
ra engkrek pekek
nuduhake nyejo nyetir grumbukan leno lan ngece.
chuk !

kosa melok melok :

dijodoh takdir tani mleni njegur tani bisnis
dijodoh takdir tani njegur bisnis
iki ! gelar tani tuna tani sandang gembolen !
chuk !

pakne sing ragat jare koyo khasil uripe
pakne sing dilanjrat jare pengeran murah pangapurone
ngko! bakal mulih bakal dipapag algojone.
remuk !

.

2010-07-10

dhung

...

d
hung



dhung ragat dhung urip dhung ngumur dhung mlaku
mung tekan gedhe gedhe nunggak ra kepenggak
kabeh dipatrap wis patrap nggo patrap kang matrap
mung leno kalah karo janjen gudho riko lan riko
ngono kabeh morat marit persis mlaku ngawut
dhung ragat dhung urip dhung ngumur dhung mlaku
mung tekan gedhe gedhe nunggak ra kepenggak
ngono kabeh tuwo dadi lare ora lare njelmo lare
amargo mung manggon ning piranti lare lare
mung iman kebuntel dulinan entek iman nganti ra iman
saiki mung ono balapan nangis kanti entek tangis
mung leno saithik amargo janjen gudho
mung leno saithik amargo gudho ngumbar janjen
mung leno saithik amargo gudho blenjan janjen.


kosa amargo :

disurung polah olah olah
dituntun mintar minteri
dijarne ngambar nggambar
dibunuh mlayu ngliku ngliku.


.

2010-07-09

nggugah

nggugah


pangkon titis :


pak, kulo dugi.
setunggal umur kulo katah wonten tani,
niki kulo sagedto njenengan pirsani,
pak nopo kulo saged katut sareng derek kulo
mangke bidal maju dateng medan perang?

pakne:
meneng dhisik le..!

pangkon sasar :
pak niki kulo ngaturaken sungkem,
setunggal urip niki
kulo namung saged oleh oleh dugi khasil kulo urip.
kulo nyuwun longgar wenang
mugi kulo saged dipun urip male.
kulo gadah sumpah saged mbeto oleh oleh
ingkang luwi aji dugi urip sampun.

pakne:
budhalo mati le...!
nggo iki algojo pati nandangi..!!!


kosa sawang :
pakne keh njeruh tangis
nyawang akeh pangkone ra manjing jodoh takdir tanine,
malah keglandang bandang gumebyar kamulyan
lan nebar kelar misi kalang kalang.

.

2010-07-07

monggo

monggo!



tinimbang mbumbung duwur
mingggon kemuleng gung
tinimbang nggumul kemuleg trampil
kethus lincah banci jengkulitan
tinimbang krasan manggon wonten piranti lare lare
monggo kulo kentosan sedoyo riko tanpo siso
dateng mbunmbunan ageng
pengeran bongso ingkang patrap vertikal
pun rimbun aling aling
rungkut singit ageng licik
telung ulan kerso kulo entos ,
monggo !


kosa ultimatum :

telung ulan ra no genah
pertondo sejo sedoyo riko sampun nyerah pasrah.
tembusan "tentang ultimatum sasaran pihak berstatus melakukan perkara"
ditujukan kepada hakeqot terbuka nasap berwenang.


.

2010-07-06

manggah

...
manggah.

nganti tekan semene durung iso genah
ngerti tekan mengkene durung iso dipernah
tibo tekan seprene durung iso dicacah
karepan wis nguntal keh keh akeh ragat

kancepan po kebandhang?!
mlaku saithik nagih ganjar tikel sewu
nggo sopo kowe urip?!
nyapo urip ning kentekan urip?!
ngrame ngrame po ngurip ngurip?!
rasah muluk muluk guno!
umur wis nyuto tahun
mung nggo ribet ngumbar tuwo!
nguber miber akherat swargo
reraben paes aleman
nglali janjen peperangan !
nyejo micek woco
mbudheg rungu ndhendheng patrap!
wis saiki tumeko manut po mati,
meneng po mati, mati po mati !
wis saiki budhalo mati !
kono paten pinaten!
kono mapak pati !
kono bunuh diri !

ragat wis nunggak nunggak !

kosa kongkon :

jo boros !
kongkonan iki genah bab babas
sing kudu mari nggawe coro bunuh diri?!
jo boros ! duwe makno kongkon
gih ndang bunuh diri !


.

2010-07-04

mungguh

...
mungguh

mungguh kluruk iku kawates makno geguyon:
geneo ra no kluruk?
umpomo kabeh ngempet nyang ngendi kluruk?

jawab 1:
mungguh iki dino diketungno,
gedhe cacahe sing kluruk ra kempet
tinimbang umpamane karo sing ra kluruk
utowo sing kluruk kaempet.


jawab pindo:
geneo ra no kluruk?
geneo akeh sing kluruk
mungguh jawab 1.

geneo kabeh ngempet?
geneo ra kabeh ngempet
mungguh jawab 1.


kosa jawab 3:

nyang endi kluruk?
manggon nyang sing kluruk
karo ngajak nyang kabeh podho manjing nyang kluruk.



.

2010-07-03

jarak

.
jarak


jarak antarane
hamba kawulo
pangkon
marang
t u h a n
=
jarak antarane
hamba kawulo
pangkon
marang
b a p a k n e*
+ jarak antarane
b a p a k n e
marang
pemimpine(nabi/rosul)
+ jarak antarane
pemimpine(nabi/rosul)
marang
i n d u k
+ jarak antarane
i n d u k
marang
t u h a n


*duwe hak mejahi (hamba kawulo/pangkon) tanpo runding.
kosa patrap:

ra ono dalan
marang tuhan
nggo hamba kawulo
kajobo diterne bapakne
.


mk.

2010-07-02

manggon

manggon
...


o
bah
manggon sajrone

lapangan tanding
dipodho
obah manggon njabane
lapangan tanding
endi sing oleh
aran urip patrap khidmat ?




kosa tukang ngino:


yo rame rame mbangun lapangan tanding
diterusne yo podho manggon sajrone
kelawan khidmat eling jo ninggalne patrap

siap mbangun tandingannnn......



.


munggah

.


mripat
kedip
kedip
arang sawang

ngos ngos
amb
egkan liwat gorokan

endi sikil endi tangan
endi opo endi sopo

ngrubung nggrebeg
nglabrak grung rungu

kudu isor ora budal
bali
mulih teko mbunmbunan

ilat lapo endi ningendi
iki iku
a
ku temu aku iku iki


kosa podo meh:


mripat patrap nyawang tembok kosong.


.

2010-07-01

berdesa

.
berdesa


mas
mindo ra makno wurung
kejobo sampeyan nyejo mbulet loro sing ngno.
inne ra kemroso opo opo,
jajal dibaleni mungguh ra percoyo.

mas
ra ono ning saiki dalan omong mrono.
muleh ning njlimet duwene dewe ono tujuan.
kabeh dipeme nganti inne keregan inne.

mas
engko rasah nyang teko omah,
sesuk sore inne mampir nyusul sampeyan.

mas
inne arep budal muleh.


kosa bales soko:

in ine

wis ono longgar dino iki nang roso sing mbulet
nganti loro ra ono arah butuhe nggo genah mlaku.
ngempet pirang pirang wayah
manggon ngajeni dayoh seneng dulinan.

in ine.


.